Ki Semar: Bondo donya iku amung Titipan..

LIMA PUNOKAWAN JAWA
Punokawan Jawa. FOTO: Google

" Ku rela pergi.. Pagi pulang pagi.. Hanya untuk mengais rejeki..", jare kang Petruk yg nekat nyanyi senajan cempreng suarane.

"Ciyeee..", serentak kata Bagong dan Gareng.

Baca juga:
Tiyang Jawi niku gadah Unggah-ungguh ingkang Adi Luhung

> Ketika Teknologi Menggeser Utek

> Jare sopo Misuh ora Dosa?

======
Petruk: Laiyo kerjo direwangi isuk awan bengi ngene ki demi sopo jal?

Bagong: Ya demi masa depanmu to kang

Gareng: Ya demi Wong tuamu juga

Petruk: Teros?

Bagong: Ya demi istrimu juga kalo sudah punya..

Gareng: Ya demi anakmu juga to..

Petruk: Kesel aku vroh.. Ngalor ngidul.. Nganti awakku kuru :'(

Gareng: Lak awakmu lhemu koyok Bagong malah gak pas to Kang, mosok onok Petruk kenek obesitas? Trus pipine tembem irunge mancung ke dalam ngunu? :v ^_^

Romo Semar yang lagi tidur juga ikut nimbrung gara-gara keganggu obrolane arek-arek iku..

Romo Semar: Ehm.. ehm.. Ono opo to cah kok do geger ki koyok rapat DEPE-ER bae.. :p

Petruk, Bagong, Gareng: Sendiko dawuh Romo..

Romo Semar: Ngene lo le.. Biyen Kanjeng Nabi SAW nate dawuh:" Carilah harta dunia seakan kau hidup selamanya. Tapi Carilah Bekal untuk akheratmu seakan kau mati esok pagi.."

Petruk: Hehehe maksote dos pundi niku? :D

Romo Semar: Ngene bro arek-arek tak kandani yen esih ngandel.. Oleh sampean-sampean kerjo awan bengi isuk sore.. Iku minongko sangu urip selawase ono donya.. Hora opo golek duwit tumpuk-tinumpuk. Nanging siji kudu di eling. Sejatine Awak dewe urip no donya dibatesi 63 tahun tok. Luwih seko iku berarti Bonus.

Yen wis mati njur no ndi?

Gareng: Kuburan mbah.. :)

Semar: Mari seko kuburan?

Bagong: Yen miturut mbah Kyai kae njur nang akirot mbah.. ;)

Romo Semar: Bener kandamu, Gong. Sawise ono donya njur urip selawase no akirot. Dene akirot iku mung loro. Surgo utowo Neroko.

Sampean oleh kerjo numpuki bondo donya nanging ora bakal digowo mati. Mobil songo omah limo sawah ombo ra bakal digowo. Butuhe mung lemah rong meter. Senenge urip no donya mung sawetara. Ibarate mung mampir ngombe..

Petruk: Mampir ngopi karo mangan gorengan yo oleh kok Mo.. Ckckc :D

Romo Semar: Huss.. Kene jupukna disit kopine Romo..

Ngene lo rek.. Ibarate mampir ngombe iku. Yen wis mari ngelak e njur bablas no akirot. Mergo sejatine 1 hari akirot=1000 tahun donya.

Dadi no donyo mung sak nyuk'an. Oleh numpuk'i bondo. Gawe omah magrong-magrong. Bojo ayu moblong-moblong senajan ompong koyok Grandong. Nanging ojo lali akirote. Sugih bondo iku minongko dalan(wasilah) gayuh Surgone Gusti Allah..

Petruk: Tegese gawe nyogok to Mo? :p

Gareng: Huss nguawor ae cak. Mbok kiro nyogok SIM to pye.. :D

Romo Semar: Waiki kudu bukak Al Qur'ane. Mangkane lak ngaji ki yo diwoco lan dipahami artine. Ojo mung diwoco tok.

Bagong: La pripun malih mbah, saben ono wong Ngaji Al Qur'an malah didemo ki. No Gresik, Madiun, Kudus, Magetan, Bantul, Purworejo. Ngakune Ormas Islam N, malah seneng bubarno Pengajian Al Qur'an. Tapi lak ono kumpulan mendem, judi, lokalisasi malah dijarno. Pengajian dibubarno, gedunge diorat-arit nanging yen wong Natalan malah dijogo ratusan anggota. Jare demi Toleransi. Toleransi preketek po..

Romo Semar: Yo sik sabar disit bro. Iku wong gak ngerti. Sopo ngerti iku pancen ulah oknum sing sengojo merusak kerukunan Umat Islam.

Kembali ke topik.

Gareng, Petruk, Bagong: SIAP! :D

Romo Semar: Lha nang gone Al Qur'an tau disebutno: Hartamu tidak akan bisa menebus dosamu walau ditebus dengan Emas sepenuh bumi..

Mudeng tora karepe?

Gareng: Pripun to Mo karepe niku..

Romo Semar: Dadi, bondomu emas sepenuh bumi gak bakal iso nebus dosamu. Tapi yen bondomu iku leh nebus naliko isih urip yo monggo. Di Zakati, infak'e, sodakohe, ojo sampek lali. Insyaallah iso dadi sarono gayuh Surgo.

Sampean kudu nyonto Abu Bakar Ash Shiddiq. Jaman siyen Abu Bakar nate nyodakohne kabeh bondone. Tapi maring Kanjeng Nabi ora oleh.

Oleh sodakoh nanging 1/3 tok hartane Abu Bakar. Ora kemenyek koyok awak dewe. Infaq Jum'at wae paling banter 1000. Luwih okeh maneh 500 rupiah.. Tapi lak rokok sedino sebungkus regane 15.000 ora eman.. Masyaa Allah..

Bagong: Njih leres niku mbah..

Romo Semar: Ojo mung nggah-nggih kepanggih. Mbokyao di Setop leh Obong-Obong CONGOR.. >_<

Lan kowe Truk, kerjo oleh mempeng. Nanging yen kesel kudu leren. Istirahat. Yo oleh piknik bereng. Dolin nang Jamus, po Watu Jonggol yo panggah oleh. Sing penting Kesehatane dijogo. Ojo koyo kandane mbah Mariyo kae..

' Manungso iku makhluk aneh. Saat muda kesehatannya habis demi Uang. Saat tua Uangnya habis demi Kesehataan..' Astaghfirullah.. Waton maneh bondo donyo namung titipan ora digowo mati. Yen sampean gagal gak kudu kecewa. Kudu disadari gagal po ora yo akire bakal ditinggal..

Mudeng tora tak kandani ngene ki? Kok malah do ngorok ki.. Asyem teninn.. :( :/

Petruk, Bagong, Gareng: Mudeng Romo.. La di ceramahi kok e..


#negeridagelan #kopipagi #punokawan #khasanah

.Cerita diatas Fiktif belaka. Apabila ada kesamaan nama, tempat, dan lainnya harap dimaklum saja. Like, Share dan Komen dari anda kami tunggu. Sembah Nuwun..

Terima kasih anda sudah membaca Ki Semar: Bondo donya iku amung Titipan..

_____
#ADV
Monggo yang pengen buka Usaha Bisnis Pulsa, modal minimal hanya 50ribu. Pasti Untung!
Registrasi GRATIS Langsung Klik DISINI

Supported by  CV HAND CELL

Subscribe to receive free email updates: